Mikul duwur mendem jero tegese

Berikut Ini adalah Jawaban Soal Pelajaran Tentang Mikul duwur mendem jero tegese

           Mikul dhuwur mendhem jero, tegese bisa njunjung drajade wong tuwa
.
Ing ngisor iki bakal tak jlentrehake apa iku paribasan lan tuladha-tuladhane.

Pembahasan

           Tembung Paribasan, yaiku unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar, ora ngemu surasa pepindhan. (Yaitu rangkaian kata yang tetap penggunaanya, tidak mengandung makna pengandaian, dan bermakna konotatif). Ing ngisor iki sekedhik tuladhane paribasan.

  • Anak polah bapa kepradah, tegese Tingkah polahe anak dadi tanggungane wong tuwa.
  • Becik ketitik ala ketara, tegese Becik lan ala bakal katera ing tembe mburine.
  • Busuk ketekuk pinter keblinger, tegese Sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka.
  • Mikul dhuwur mendhem jero, tegese bisa njunjung drajade wong tuwa
  • Njagakake endhoge si blorok, tegese ngarep-arep barang sing durung mesthi
  • Ora uwur ora sembur, tegese ora gelem cawe-cawe (aweh pitulung)
  • Pupur sadurunge benjut, tegese Ngati-ati sakdurunge cilaka.
  • Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah, tegese Yen padha rukun mesti padha santosa, yen pada congkrah mesti bakal bubrah/rusak.

Pelajari Lebih Lanjut :

  1. Bedane Paribasan, Bebasan, Saloka, waca ing brainly.co.id/tugas/1721758
  2. Tuladha Tembung Dwilingga, waca ing brainly.co.id/tugas/1035191
  3. Tembung Entar, waca ing brainly.co.id/tugas/12792924

Detail Jawaban

Kelas         : –

Mapel         : Bahasa Jawa

Bab            : Paribasan

Kode          : –

Kata Kunci : Pengertian Paribasan, Tegese Paribasan, Contoh Paribasan, Tuladha.

Demikianlah Jawaban Soal Pelajaran Tentang Mikul duwur mendem jero tegese Semoga Bermanfaat.